artikel

Mantan Model

Mantan Model

Rachel, bocah Nggombong merantau nang Jakarta dadi foto model. Dasare ayu, rambute dawa ngandhan-andhan, kulite ya padhang. Untune miji timun, bangkekane nawon kemit, pokoke sempurna.

Jaman semana jane wuwung utawa keramase gur nganggo banyu merang. Lenga rambute ya lenga cem-ceman. Nanging, Rachel ncen pinter ngrawat awak.

Lagi nang ndesa, Rachel celukane Iyam. Jeneng dawane Mariyam. Ning mbareng nang Jakarta dadi foto model nambahi jeneng dadi Rachel Maryam.

Samben isuk, karo dede Iyam alias Rachel nyisiri rambute, nganggo klambi lengen pendek ora jilbaban. Jilbabe dinggo ngger kondangan karo arisan.

“Jum, pimen rambute nyong?” pitakone Iyam pas Jumi liwat ngarep umahe.

“Mbak, rambute jan kaya prawan umur pitulas!” wangsulane Jumi karo ngacungna jempol.

Iyam alias Rachel kadhang cok njaluk validasi sekang tangga teparo lan kancane babagan penampilan awake.

Krungu wangsulane Jumi, Iyam marem atine.

Ora let suwe, Yu Tijah, bakul bubur sungsum liwat.

“Mbubur, Mbak Rachel?” Yu Tijah tawa.

“Iya, Yu. Njaluk sepincuk, arep langsung tek maem kene,” jawabe Iyam.

Olih rong suruh, Yu Tijah nggendhong tenggoke arep mangkat maning.

“Heh, Yu. Rika kan weruh nyong anu tau dadi model, menurute rika pimen wajahku siki? Keton pimen?”

“Anu, Mbak. Malah esih katon kaya umur rongpuluhan,” wangsule Yu Tijah mbombongna atine Rachel Mariyam.

“Matur nuwun, ya, Yu. Bubure enak, kaya biyasane.”

Srengenge wis mandan dhuwur, nggo dhedhe rasane wis semelet. Bubur sepincuk ya wis entong. Agi arep mlebu ngumah, skleraban Iyam weruh Romelah, sahabate.

“Rom, arep maring ndi? Becer, apa?” pitakone Iyam maring Romelah.

“Iya, Yam!”

“Kowe lah siji-sijine batirku sing ora gelem nyeluk aku Rachel. Ya, wis ora papa. Bodiku pimen siki Rom, esih seksi ora, yah?”

Iyam alias Rachel nyekel bangkekan sing ncen ora melar, esih katon ideal.

“Mau Jumi ngomong, rambutku kaya prawan umur pitulas. Yu Tijah bakul bubur sungsum ngalem jere wajahku esih kaya bocah rongpuluhanan. Pimen menurutmu? Aja bosen lah ditakoni bae.”

Iyam nyrocos lambene. Samben-samben batire liwat sing ditakokna masalah bodi karo wajah.

Romelah jane mandan bosen mangsuli pitakone si Iyam.

“Yam, kowe ncen yahud koh. Ora salah Jumi kandha rambutmu kaya prawan umur pitulas, Yu Tijah wadul nek wajahmu kaya gadis rongpuluhan. Nah, nek kowe takon karo aku, tek kandhani, ya. Bodimu yahud kaya gadis selikur tahun. Pokoke percaya dirilah. Ngesuk ora usah takon maning. Jajal wilangan mau dijumlahna. Ben rika rumangsa nek wis pantes nggendhong putu!”

Romelah gageyan mangkat pasar. Iyam alias Rachel mlompong. Gita-gita mlebu ngumah. Mak jebred, lawang umah ditutup karo mandan sengol.

Musi Rawas, 24 Januari 2024
PakDSus

ide: penti bu Daswati

Susanto

Pendidik, Ayah 4 Orang Anak, Blogger, Penikmat Musik Keroncong.